Sunteți pe pagina 1din 2

ADICARA TIRAKATAN

Assalaamualaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanastainuhu wanastaghfirruhu, wanauudzubillahi min


syuruuri anfusina wa min sayyiati amaalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may
yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu
anna muhammadan abduhu warasuuluhu. Amma bad.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;


Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming
kawula ingkang pantes sinudarsana; Bapak Kepala Desa Bangunjiwo, Bp.
ingkang kawula hurmati.

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening
para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa
ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken
Allah;
Ketua Muslimat Bpk/Ibu .. ingkang kawula hormati,

Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat
rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji,
ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika
taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula,
saha awit paringipun sak sae-saenipun nimat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad,
SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing
yaumil akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Amin

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin
kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara
Pengaosan . nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula
cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani
adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken
menggah urut reroncening adicara Pengaosan ing titi wanci punika ingkang
sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :

Adicara angka sepisan Pambuka


Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat
ing Pustaka Suci Al-Qur'an, ingkang samangke badhe kasarirani dening Bpk/Ibu
..
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati,
ingkang badhe kasarirani Bpk/Ibu .
Wondene adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatosing pepanggihan dinten
punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken
dening almukarrom Bapa Kyai ..
Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun nggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut
reroncening titi laksana adicara Pengaosan ing dinten punika.
Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam punika sageta lumampah kanti rancag winantu
barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken
pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dinten punika
tumunten kawiwitan.

Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do'a kanti waosan
ummul kitab. Kawula dherekaken sumangga. Al fatiihah
Matur nuwun.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani
dening Bpk/Ibu , anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi
kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika
Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun.
Salajengipun, dhumateng Bpk/Ibu . wekdal kasumanggaaken.

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan
kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-
laminipun. Ugi dhumateng panjenenganipun ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau
pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal aalamiin.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng Bpk/Ibu


.. wekdal kasumanggaaken.

Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, tumapaking adicara salajengipun


wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka umsari lan wigatosing pepanggihan dinten
punika. ingkang punika, dhumateng almukarrom bapa Kyai , kasuwun paring
pengaosan saha wedharing tausiyah. Dhumateng Bpk Kyai .. wekdal
kasumanggaaken.

Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken. mekaten mauidhoh hasanah engkang sampon


dipon beberaken Bpk Kyai ........ mugi-mugi kanti penjelasan soho beberanipon kolowau saget
nambahi ilmu kito, nambahi pengetahuan kito. amin allohumma amin.

Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.


wondene adicoro engkang pamungkasan inggeh meniko penutup. monggo acoro ingdalu meniko
sareng-sareng kito tutop kanti waosan hamdalah alhamdulillahirobbil alamin. mekatenlah acoro
engkang sampon kalampah ing dalu muniko,mugi-mugi saget nambahi ilmu soho manfaat
bkagem kito sdoyo. kula ingkang piniji dherekaken lampahing adicara, temtunipun pinanggih atur
ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap
asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami, kawula akhiri

wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh

S-ar putea să vă placă și