Sunteți pe pagina 1din 3

FUNGSI KELUARGO SAKINAH KAGEM NYEGAH KENAKALAN

REMAJA

‫الحمد هلل الذى جعل التقوى خيرالزاد واللباس وامرنا ان تزود بها ليوم الحساب اشهد ان الاله هللا وحده‬
‫الشريك له رب الناس واشهد ان سيدنا محمدا عبده ورسوله الموصوف باكمل صفات االشخاص اللهم‬
‫فصل وسلم على سيدنا محمد كان صادق الوعد وكان رسوال نبيا وعلي اله وصحبه اجمعين وسلم تسليما‬
‫كثيرا اما بعد فيا ايها الحاضرون رحمكم هللا اوصيني نفسي واياكم بتقوى هللا فقد فاز المتقون‬

Jamaah Jumah ingkang Minulyo

Sumonggo kito tansah amuji syukur dumateng Allah SWT kranten pinten-pinten
rohmad lan nikmat sehinggo saget sareng-sareng Nglampahi Kewajiban
nindakaken sholat jumah kanthi berjamaah wonten ing masjid meniko, pramilo
sumonggo ngaturaken syukur kanthi ningkataken taqwa dumateng Allah SWT
ateges nindak aken sedoyo printah lan nebihi sedoyo awisan ipun Allah. Allah
Dawuh :

‫اتقوهللا حق تقاته والتموتن اال وانتم مسلمون‬

Jamaah jumah ingkang minulyo

kito sedoyo kepengen anggadahi putro lan putri ingkang sholeh lan sholehah,
ingkang sae, ahli ilmu lan ahli ibadah, sedoyo doyo lan upoyo dipun lampahi
supados putro lan putri dados sholih lan sholehah, kranten putro putri meniko
titipan saking Gusti Allah, kados pundi toto coro kito ndidik putro putri kito
meniko ingkang bade dipun suwuni tanggung jawab saking Allah SWT.
Abdullah bin Umar wonten kitab Tuhfatul Maudud dawuh “Wulangen anakmu
kerono siro bakal den suwuni tanggung jawab olehmu ndidik anakmu.” Pramilo
monggo anak kito dipun wulang kanthi sae, kranten putro kita bakal gesang
wonten ing mongso engkang bedo kalian mongso kito.

‫علموا اوالدكم فانهم مخلوقون في زمان غير زمانكم‬

artosipun : “didiken anak siro kabeh kerono anak siro den cipto wonten ing
zaman ingkang bedo kalian zaman siro kabeh”

pramilo, keluargo mboten namung kewajiban paring materi mawon, ananging


kedah paring pendidikan agami ingkang sae dumateng putro lan putri,
pendidikan agami ingkang sae saget terwujud menawi keluargo meniko sakinah
mawaddah wa rohmah.

Allah dawuh wonten surat At-Tahrim ayat 6

  


  
  
 
    
   
  

Artosipun : He wong kang podo iman, jogonen siro kabeh lan keluargo siro
kabeh saking geni neroko, engkang urup-urupe manungso lan watu, ingkang
dipun jogo malaikat-malaikat ingkang kereng, kang mboten nate durhoko dateng
Gusti Allah dateng punopo ingkang dipun printah lan tansah nglampahi punopo
ingkang dipun printah Allah SWT.

Maksud saking ayat

  



inggeh puniko kanthi dalan mrintah keluargo kito nglampahi kesaenan lan
nyegah nindak aken ingkang mungkar, serto tansah didik kesaenan lan printah
agami, dene ingkang dipun maksud keluargo wonten ayat niki inggih meniko
garwo, putro lan sedoyo tiang ingkang dados kewajiban kito.

Jamaah Jumah ingkang minulyo

Naliko tumurun ayat meniko, Umar dawuh : Ya Rasulullah, kito saget njagi
awak dewe kito, ananging kados pundi totocarane njagi keluargo kito? Nabi
Muhammad Dawuh : siro tansah nyegah keluargo anglampahi punopo ingkang
dipun cegah kalian Allah, lan siro tansah printah keluargo anglampahi punopo
ingkang dipun printah Allah SWT, menikolah ingkang dados tameng saking geni
neroko.

sawijining dino wonten sahabat takon dateng Ibnu Abbas : kados pundi
totocarane nyelametaken keluargo kito saking geni neroko duh ibnu Abbas??
ibnu Abbas Jawab : Ulangen anak-anak siro kabeh kanthi ilmu syariat islam lan
akhlak ingkang sae ‫علموا اوالدكم شرائع االسالم ومحاسن االخالق‬

Jamaah Jumah ingkang Minulyo.

keluargo ingkang sakinah miturut pangertosan Nahdlatul Ulama inggeh puniko


dipun wastani keluargo maslahah (Mashalihul Usrah) artosipun keluargo
ingkang hubungan suami lan istri, hubungan tiang sepah dateng anak, ngagem
prinsip-prinsip keadilan (i’tidal), keseimbangan (tawazzun), moderat (tawasuth),
toleransi (tasamuh), amar makruf nahi mungkar, berakhlak karimah, sakinah
mawaddah wa rahmah, sejahtera lahir bathin, lan ngupayaaken kemaslahatan
lingkungan lan alam ingkang dados wujud saking islam rahmatan lil alamin.

dados ciri keluargo sakinah utawi keluargo maslahah meniko inggeh puniko
sepindah, suami istri ingkang sholeh sholihah, kaping kalih, putro putri ingkang
sae (abrar), kaping tigo, seserawungan ingkang sae, kaping sekawan, cukup rizki
sandang, pangan, lan papan.
Nah, keluarga dados faktor ingkang utami kang saget dados tameng putro putri
saking nglampahi perkawis olo, kenakalan remaja kados narkoba, seks bebas,
ekstrimisme, kanthi sarono ningkataken fungsi keluargo. kranten sejatosipun
kenakalan remaja meniko dipun sebab aken remaja engkang kirang arahan lan
bimbingan saking tiang sepah.

Sayyidina Ali Karromallahu Wajhahu dawuh :

‫االم مدرسة االولى اذا اعتها اعتت شابا طيبا العراق‬

artinya : Ibu meniko dados pendidik ingkang utami, menawi ibu sampun dipun
siapaken kanthi sae, mongko sejatosipun sampun nyiapaken generasi penerus
ingkang sae.

bileh kito mirsani kahanan pemuda zaman sak meniko, kenakalan remaja wonten
ing pundi pundi panggenan, kranten remaja meniko zaman pergantosan saking
mongso anak-anak dateng mongso remaja, menawi mboten dipun siapaken kathi
sae, saget dadosaken pengaruh engkang mboten sae dateng remaja.

salah setunggal faktor ingkang dipun yaqini kalian masyarakat, saget nyegah
kenakalan remaja meniko inggih puniko paring pendidikan agama dateng remaja
awit takseh anak-anak, pramilo fungsi keluargo sakinah sanget penting engkang
saget paring pendidikan agomo awit alit wonten dalem ipun piyambak-
piyambak.

putro putri ingkang sholih lan sholihah saget lahir saking keluargo ingkang
sakinah, pramilo meniko bileh kito kepengen generasi penerus bangsa nun injeh
poro remaja meniko dados remaja engkang sae, sumonggo sareng-sareng benahi
keluargo kito sedoyo kanthi lampah ingkang sae supados dados keluargo
ingkang sakinah mawaddah wa rohmah.

Mugi-mugi keluargo kito sedoyo dados keluargo sakinah mawaddah warohmah


lan putro-putri kito dados ingkang sholih sholihah, ahli ilmu ahli ibadah lan ahli
taqwa. amiin

‫اقول قولي هذا فستغفروهللا ان هللا غفور رحيم‬

S-ar putea să vă placă și