Sunteți pe pagina 1din 3

Ambu Welirang Kala Iku

Welirang, ing basa Jowo duweni arti belerang. Yaiku zat kanggo bahan
industri kosmetik ing kutha-kutha. Amarga iku warga Pegunungan Prigen nyebut
salah sijine gunung kanggo jeneng iku. Gunung Welirang jenenge, dhuwur
kadhuwuran, adoh kadalanan, lan abot kakuwatane.

Duweni jeneng welirang nglairne rasa penasaran sing gede ing ati. Penasaran
banget karo rasa petualangan sing dirasane pas munggah gunung kasebut. Miturut
panjelasane kanca-kanca sing wis tau munggah gunung iku, dalan sing munggah
banget lan akeh watu sing bebrayani. Mangerti crita kaya iku, nanging isih jiwa iki
ana ing raga iki, aku ora bakal nyerah ngono wae.

Dadi aku nggoleki informasi sing luwih akeh maneh, kanggo nyiapne bekal
perjalanan munggah gunung sing duweni kadhuwuran 3.150 meter saking laut. Ing
dalan tipe materiale saka watu-watu gede dadi kudu nggawe sepatu gunung lan kaos
kaki. Ana 3 sumber banyu bisa digawe ngisi bekal kanggo perjalanan sing dijadwal
suwene 3 dino 2 wengi. Amarga wektu perjalanan sing suwe lan adohe pendakian,
tiap pendaki kudu nyiapake tenda kanggo istirahat lan turu bengi. Lan peraturan sing
kudu dituruti saben pendaki yaiku, ora oleh njupuk opo wae kejaba foto, ora oleh
ninggalake opo wae kajaba jejak, lan ora oleh ngilangake opo wae kajaba waktu.

Gunung ana ing Kota Batu iki duweni jalur sing bisa dipilih kanggo dilewati,
ana jalur Tretes, Cangar, Purwosari, Lawang, lan Batu. Saben jalur duweni
kaluwihan lan kakurangan sing bedo-bedo. Amarga jalure ora abot banget lan luwih
akeh wong sing ngelewati, aku lan kanca-kanca milih Jalur Tretes. Pintu pendakian
sing ana ing Kecamatan Tretes luwih cidek saka omahe kancaku dadi isok mersiapne
bekal sing siap banget.
Tujuane munggah gunung iku ora gawe pamer kakuwatan marang wong liya,
nanging kanggo mangerteni kalemahan awake dhewe dibandingne marang ciptaan
Gusti Allah. Prinsip iku sing aku, Bagas, Mela, Dian, Fandi lan Izul tanem ing benak
awak dhewe ben pendakian iki bisa mangerti cara pandang marang arti manungsa
urip.

Budhal saking omahe Dian jam 5 isuk sawise sholat Subuh, kecatet tanggal 1
April 2019, dino Jumat, numpak pedha motor arah Desa Tretes, pintu masuk
pendakian. Sawise teka ing pos izin, Fandi ngurusi izin ing kantor izin, aku Bagas
lan Mela nyiapake barang-barang, Dian lan Izul nyiapake tenda sing wis disewa ing
kantor izin. Pendakian mulai jam 6 diawali doa ben budhal mulih slamet.

Perjalanan munggah isuk iku enak banget. Cahaya isuk sing anyep-anyep saka
wit-wit gedhe, angin sing semliwir ing gegodongan nyejukake ati lan pikiran. Ora
kerasa wis teka pos 2 pendakian banjur ngedekake tenda kanggo turu bengi mengko.
Gawe ngilangake kesel amarga mlaku suwe, Dian lan Mela nggawe kopi susu sing
enak banget. Fandi lan Izul nyepakake api unggun kanggo ngangetake awak dhewe.
Aku lan Bagas ngisi banyu ing sumber sing dijenengi Sumber Kop-kopan kanggo
masak sega mengko.

Bengi iku digawe nyiapake gawe perjalan mene isuk, ngilangake kesel sadino
mau, lan ngeresapi kaagungan Gusti ing kaapikan langit bengi iku. Awan kang isin-
isin ngetokake awake, ademe angina sing ngehembus saka puncak, lan kerlipan
lintang-lintang sing akeh banget ing langit bengi. Kaendahan iku ora bakal awak
dhewe lali betapa kacilikake manungsa ing donya iki.

Banjur mansyukuri sacilik kanikmatan sing diwenegi Gusti, awak yen pegel
melbu ing tenda kang wis disiapake wau. Turu lan ngisi tenaga gawe perjalanan
mene sing pastine luwih abot. Nutup mripat lan ngerasakake melayang ing
cakrawala sadhuwure puncak gunung iku endah banget.
Tangi jam 4 isuk banjur

S-ar putea să vă placă și