Documente Academic
Documente Profesional
Documente Cultură
Ma’asyitolmuslimin rohimakumulloh.
Tawakkal punika pasrah dhumateng ngarsanipun Allah Swt.
sasampunipun usahalan mbudidaya. Boten kawastanan tawakkal manawi
tiyang namung pasrah tanpa usaha lan mbudidaya, lan boten kawastanan
tawakkal manawi tiyang namung usaha lan mbudidaya kemawon. Tawakkal
punika namung dhumateng ngarsanipun Allah Swt.
Ma’asyitolmuslimin rohimakumulloh.
Allah Swt. badhe nyarengi tiyang-tiyang ingkang iman lan tawakkal. Allah
Swt. badhe njamin kamenangan lan maringi pitulungan dhumateng tiyang-
tiyang ingkang iman. Allah Swt. badhe nyekapi sadaya kabetahanipun
tiyang-tiyang ingkang tawakkal dhumateng Allah ﷻ
Allah Swt. paring dhawuh ing surat al-Anfal ayat 64 bilih Allah ﷻdhawuh
supados kita tawakkal dhumateng Panjenenganipun manawi kita punika
estu-estu iman dhumateng Allah Swt. lan Rasulullah saw. Makaten
dhawuhipun:
ََيـــااَيُّـــ َها النَ ّبى َح ْسب َك هللا َو َم ّن اتَــ َب َع َك ّمنَ ْالـمؤْ ّمــنّـــيْن
“He Nabi, kang nyukupi sira iku Allah Ta’ala lan wong-wong mukmin kang
padha ndherek marang sira (hiya kuwi pitulunge).”