Sunteți pe pagina 1din 3

PIDATO WALIMATUL KHITAN

. :




Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati !
Sepindah Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken rasa puja lan puji
syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat lan taufiq
soho hidayah dumateng kito. Sehingga wonten ing kesempatan meniko kito saget rawuh wonten
ing puniko majelis dalam rangka Jabatud Dawah, utawi ngrawuhi dateng undangan dateng
walimatul khitan, mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian Allah dipun catet minongko dados
amal sholeh kito sedoyo amin-amin ya robbal alamin.
Ingkang kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia Allah, lan rahmatipun, tansah
kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW sebagai Nabi pemimpin
umat, Nabi ingkang bade paring syafaat dateng sedoyo umat benjang wonten ing dinten qiamat
mboten pandang sugih utawi mlarat. Mboten pandang rakyat utawi pejabat, selagi umat puniko
taksih purun nindaaken syariat, tegesipun taksih purun toat lan boten purun ngelampahi maksiat.
Ingkang kaping tigonipun kawulo matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang
sampun paring wekdal dumateng kulo. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo
gunakaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Nindaaken khitan utawi sunat meniko derek tindak lampanipun Nabi Ibrahim as ingkang
wonten sejarahipun Nabi Ibrahim nindaaken khitan meniko sampun yuswo 80 tahun. Lan
jenggote kaleh brengosipun sampun dowo. Tur wonten zaman semanten, dereng wontek calak
utawi dokteng ingkang tukang nyunat. Dados dipun sunat piyambak !? Mungkin bapak-bapak

utawi ibu-ibu timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko tiyangipun wedi pemes,
utawi wedi lading kok sampek umur 80 tahun lagek sunat ?
Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Nabi Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang weden. Shoho sanes tiyang wedi
pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun printah sunat utawi khitan meniko inggih sampun
umur 80 tahun niku. Dados asal-usulipun sunat puniko awit zamanipun Nabi Ibrahim. Lajeng
Alloh SWT paring wahyu dateng kanjeng Nabi supados derek agaminipun Nabi Ibrahim.
Dawuhipun Alloh wonten Al-Quran

Artosipun :
Nuli ingsun wahyuake marang siro (Muhammad), supoyo melu (condong) marang agamane
Nabi Ibrahim (QS. An-Nahl ayat 123).
Poro Bapak poro Ibu ingkang kulo hormat !
Lhoooo sakniki fungsinipun utawi faedahipun khitan meniko katah ing antawisipun :
No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan meniko saget ngilangi najis utawi kotoran ingkang
kentung wonteng pucukipun zakar/kucur utawi kepala penis. Padahal ngilangi najis puniko dados
syarat absyahipun sholat. Lhoooo sholat gangsal wekdal meniko wajib. Pramilo menurut qoidah
ushul fiqh :


Artosipun :
Sakabehe perkoro sing digawe lantaran maring nindakne perkara wajib meniko hukume wajib

Pramilo ngilangi najis utawi kotoran wonten pucukipun zakar utawi kucur/helm puniko
wajib. Sebab andadosaken absahipun sholat. Dene kaidah ingkang No. II inggih puniko :
Dipandang sangking segi kesehatan dokter khitan puniko saget ngilangi penyakit-penyakit
ingkang timbul sangking pucukipun zakar utawi kucur.
Dene faedah ingkang No. III khitan meniko saget nambahi dateng keberanian utawi
kekendelan, shoho nambahi kewibawaan. Hal meniko saget dipun bukteaken menawi
panjenengan pikir, sedoyo poro pejuang 45 ingkang gagah berani, wantun ngusir panjajah,
wantun bertanding melawan musuh, meniko sedoyo, pejuang-pejuang kolowahu inggih sampun
sunat. Lan boten wonteng tiyang ingkang dereng sunat, puniko wantung perang ngusir penjajah.
Dados mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat. Pramilo kangge akhir kata kulo monggo
bapak poro ibu menawi kagungan putro dereng dipun khitanaken, enggal mawon dipun khitani.
Kranten hubunganipun meniko dateng masalah ibadah.
Kintenipun cekap semanten atur kulo
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetepa dadi sedulur
Masang pulut ing duwur cemoro
Menawi luput nyuwun ngapuro



Suka
One blogger likes this.

S-ar putea să vă placă și