Sunteți pe pagina 1din 1

YUSTINA BANGUN RESTU WIDANTI

XII IPA 2 / 25

SESORAH MENGETI DINTEN KOPERASI


Sugeng siyang,
Nuwun, Bapak / Ibu guru ingkang dahat kinurmatan saha para kanca saking pawiyatan
ingkang sutresna, sumangga kula dherekaken memuji ingarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung
ingkang sampun paring ganjaran wilujeng dhumateng kula saha panjenengan sedaya, awit ing
wekdal menika kula saha panjenengan saged pinanggih ing papan menika kanthi wilujeng kalis
saking sedaya rubeda.
Para lenggah ingkang minulya, wonten ing saben tanggal 12 Juli Bangsa Indonesia
mengeti dinten Koperasi. Koperasi nggadahi tujuan mujudaken aktivitas ekonomi ingkang
dipuntindakaken kanthi sesarengan. Ananging anggenipun nindakaken mboten saged uwal
saking Dasar Nagari Indonesia inggih menika Pancasila lan Undang-Undang Dasar 1945. Ing
salebeting UUD 1945 pasal 33 ayat 1 dipunterangaken kados mekaten: Perekonomian
dipunrantam minangka budi daya sesarengan ingkang adhedhasar asas kekeluargaan.
Ananging kansunyatanipun bangsa Indonesia dereng kathah ingkang migunakaken
kesadaran kanthi madegipun koperasi, pramila mboten nggumunaken menawi sistem
perekonomianipun dereng saged majeng kados negari-negari sanes.
Pengetan dinten koperasi ing Indonesia inggih punika awit perjuanganipun Drs.
Mohammad Hatta ingkang sampun mekaraken koperasi. Pramila, kanthi pengetan dinten
koperasi punika kula suwun para pengurus, anggota koperasi saha kula panjenengan sedaya
tansah nengenaken keperluan sesarengan lan tansah nggadahi sikap jujur kangge madegipun
koperasi.
Para lenggah ingkang minulya, cekap semanten atur kula mbokbilih anggen kula matur
kathah kekirangan saha kalepatanipun, kula namung saged ngaturaken dhahar kupat lawuhe
bakmi, sedaya lepat nyuwun agunging pangaksami.
Matur nuwun. Sugeng siyang.

S-ar putea să vă placă și